Kamis, 21 Juli 2011

SEPUTAR KITA


SEMARANG METRO

18 Juli 2011
Rame Kondhe

"Suksukan Ndelok Dugderan"

  • Kandhane Hartono
DUGDERAN tahun iki Lik Dul rada ngirit. Si nang wis gedhe, orak nggrinjingi njaluk ditukokke dolanan maneh. Dheknen ya wis ayem, sarakke Pemkot wis netepke pasar malem nyambut sasi pasa utawa Ramadan kuwi digelar nggon lokasi asline, yaiku cedhake Mejid Kauman.
Nek ngomongke dugderan, bapakke si Nang mesthi kelingan jaman ijik nomnoman. Dheknen biasane lunga dugderan bareng kanca-kancane pas malem pungkasan. Tujuane mung loroKaping pisan, delok dul sing disumet nggon latar Mejid Kauman sakbare kanjeng bupati macake halaqah utawa pengumuman awal Ramadan. Bom udara kuwi disumet ben warga sing rak isa mara nggon Mejid Kauman reti nek sesuk wis ngawali pasa.
Jaman semono, jare Lik Dul, suwara dul isa dirungoke ngasi tekan Mangkang lan Gunungpati. Mungkin merga Kutha Semarang wektu kuwi ijik sepi, polusi suwara durung krasa. Biasane warga kampung-kampung nek ngenteni dul - cara cah saiki ngabuburit, kumpul nggon lapangan ben isa nyawang langit ndhuwure Kauman.
Udakara taun 1980-an, wis rak ana sing ngenteni dul nggon lapangan, merga bom udara mau wis rak entuk disumet maneh. Takmir Mejid Kauman banjur ngonekke sirine dienggo ngabari wayah buka mbek wayah imsak. Mesthi wae suwarane rak isa dirungoke seka kadohan.
Naming, saiki warga luwih seneng ngrungoke radio utawa setel tipi nek nyedhaki wayah buka. Liyane kuwi, azan magrib nggon mejid kampunge dhewe-dhewe ya dadi pathokan wayah buka. Nek wayah imsak, mejid kampung ya melu ngumumke merga saiki kabeh wis dilengkapi halo-halo sing munine banter.
Boboran
Lha, tujuan ndelok dugderan pas malem pungkasan sing kaping pindho apa, Lik?
“Nggolek boboran, Ton. Bakul-bakul biasane padha mbanting rega. Mungkin jaman kuwi ongkos angkutan ijik larang. Nek barang dagangan sing durung payu ndadak digawa balik isa ngentekke ragat, para bakul milih ngedol murah. Bakbuk tok rak masalah,'' kandhane Lik Dul, wektu nukokke dolanan lemah-lemahan nggon sebelahe Hotel Dibya Puri.
Pas malem pungkasan, lanjut Lik Dul, sing mara nggon dugderan tambah akeh ngasi suksukan. “Sing tangane nggrathil isa nyambi juwal-jawil barang. Reti dhewe to, Ton, jenenge wae cah enom!''
Liyane syiar agama, tradisi dugderan pancen dienggo nyeneng-nyenengke anak. Dagangan sing didol nggon pasar malem kuwi akeh-akehe dolanan bocah. Ana dolanan sing metune wayah dugderan tok, misale kapal-kapalan otok-otok, gangsingan, gerabah, lan warak ngendhog. Arena permainan kayak dremolen mbek ombak banyu ya rak tau ketinggalan.
Malah isa diarani anak-anak jaman semono isane tuku dolanan mbek numpak dremolen ya nek wayah dugderan tok. Saiki dremolen mbek sejenise ameh saben dina ana, merga akeh pasar malem cilik-cilikan sing digelar nggon kampung-kampung. Dolanan bocah ya saben dina ana sing adol, mulai bakul kelilingan nggon ngarep sekolahan sampek toko gedhe.
Wah nek ngana dugderan saiki wis sepi to, Lik. Wis rak suksukan maneh!
“Nek soal suksukan ngarahku ijik tetep, Ton. Sarakke arena dugderan tambah ciut sak ploke alun-alun Semarang disulap dadi hotel mbek Pasar Yaik,'' kandhane Lik Dul.
Jare Lik Dul, tradisi dugderan rak bakal ilang. Apa maneh Semarang kuwi sejatine rak ndhuwe tradisi liya sing luwih gedhe seka dugderan. Mulane perlu dipikirke upaya nglestarike. Aja ngasi dugderan mung awujud pasar pindhah.
“Untunge ana Jamaah Peduli Dugder pimpinan Pak Jawahir Muhammad sing gelem mikirke inovasi dienggo nglestarike acara tradisi kuwi, Ton. Sing luwih penting maneh, senajan wis akeh mejid gedhe sing dibangun, wong Semarang aja ngasi nglalike Mejid Kauman!''. (16)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar