Selasa, 05 April 2011

RUANG SASTRA KITA

"GEGURITANE KELAS X5 SMALA SEMARANG"


SUKMA ING SAMODRA
anggitan Soraya Chandra Monica

angin kang mabur kiteran ndhuwur samodra
sasat tanpa leren ngobahke banyu
ora kajaba ngobahke wit klapa
wit-witan gedhe ngadeg jejeg tanpa oyot
angin lagi thawaf
ngubengi kedhaton napas



KANCAKU
anggitan Annisa Rizki H
Kancaku....
nalika seneng, Sliramu ana ing sisihku
nalika susah uga ana ing sisihku
ora tau leren ngrungokake atiku
muji-muji nalika aku bener
gelem ngelingake nalika aku salah
kancaku sing tak tresnani
ora bakal tak lalikake sauripe ndonya
KAENDAHAN ALAM
anggitan M. Fahmi Maulana

Subur kang tinandur
mekar kang sinebar
warna endah kang gumelar
ijo royo-royo
biru samodra lan gunung jejer-jejer
nalika disawang nggawe ati kagiwang
kang ditambah srengenge surya
kang nyinari alamku


CAH BAGUS
anggitan Ajeng Esti Listuhayu

Kelingan mlaku-mlaku ing trotoar biyen
ngepasi ketemu awakmu
sinuwur tresna asih kang ujug-ujug
aku kepincut ing esemmu cah bagus

rasa nggresah ilang babar pisan
lan sesawangan klambi-klambi ing toko kene
ngelingake nalika sliramu tuku klambi sulaman
bar bayaran pas padhang wulan

tambah wengi tambah ndhudut ati
iramaning lagu lan tembangan keprungu
saka kadohan nggonjingake pikir
sing sumampir ing awang-awang

mlaku-mlaku ing trotoar pancen endah
betah aku nyawang solah polahmu
cah bagus kapan awake dhewe
bisa kancan katresnan?


KAENDAHING ALAM
anggitan Vivi Anggraeni

Sang surya mancarake cahyane
sawah katon ijo royo-royone
aku lumampah ing pinggire
nyawang kaciptaane Gusti ingkang gedhe kuasane
dongaku kanggo jagad lan seisine
muga tetep endah lan sae


ENDAH ALAM INDONESIA
anggitan Dzikron Adivian Habibi

Endah alam Indonesiaku
alas ijo kang rerengketan
segara jembar kang ana ing mata
arga kang dhuwur tekan langit
lintang gemintang kang akeh
lemah kang gemah ripah loh jinawi


Diadopsi soko blogere I am Iam (2010), dening  (KR01)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar