Kamis, 09 Juni 2011

SUSASTRA JAWA



Muhamad Rifai


Pengantar Redaksi:


Yuyun Dian

Alumni Jurusan PBSID Universitas Negeri Semarang ini telah menikah dengan Muhamad Rifai  dan  Menjadi Guru Bahasa Jawa sebagai pengawal Kelestarian Bahasa Jawa di SMA Negeri 5 Semarang  Tinggal di Kota Semarang Berikut ini salah satu karyanya.




Jejere Manungsa

Karipta dening L. Yuyun D.S

Ngerti…
Dudu karep
Laku kandheg
Kuciwa, karep kandheg
Rasa kagawa lunga tan bisa sirna

Dudu karep
Esemu kanthil ing pojoking ati
Lir tlutuh tumumplek memplak
Kari  ngreridu ati
Ati kari juwing-juwing pungkasane mekingkring
Kabeh mau ra grahita
Teka ora diceluk
Lunga sapa nyana

Kleru…
Rasa kang kleru
Katinggal mlayu sansaya ngluru

Apa kang ana pancen kleru
Saumpama pethuk paribasan remuk

Sapa kang daktutuh
Lakumu mengetan
Dalanku mengulon
Tangeh kapethuk

Rasa iki nggubet tan bisa uwal
Ancik-ancik pucuking eri
Aku maju gawe  tatu awakku
Aku mlayu katerak lindhu
Aku mandheg kalindhes watu kajugrugan Semeru

Rasa apa iki
Cupet nalarku
Cubluk angenku
Cupet, cubluk candhakku

Aku  ora bisa nyekel
Kamangka ana ing tlapukan

Aku mung  jejere manungsa
Kabeh adoh saka kuwawa
Manawa kabeh bisa  diputer
Aku njaluk tekamu ora liya
Ora ana kabut peteng dadi pepalang
Padang pranyata peteng dadi pepalang

Aku bakal nyuwun marang Akarya Jagad
Aku manungsa kuwawa
Kang pantes njaluk sacuwil atimu

Kabeh dak pendhem  jero
Jero selaning kalbu
Bakal ilang bebarengan jalma merem ing Pangku

Aja dadi atimu.


Karipta nalika 30 Agustus 2010 jam 15:05

Tidak ada komentar:

Posting Komentar